Seret lan seleh
Praèn

Ing mukantara naraguna grafis komputer, seret lan seleh yaiku gestur piranti sesuding minangka naraguna milih objek in layar kanthi "nyekel" banjur diseret ing panggonan liya utawa tumuju objek liyané ing layar. Lumrahé gestur ini bisa njalari maneka werna tumindak liya, utawa nggawé werna-werna gegayutan antarané rong objek ing layar.
Minangka fitur, dhukungan seret lan seleh ora mesti tinemu ing kabeh piranti alus sanajan fitur iki gampang lan rikat olehé disinaoni. Nanging, naraguna urung mesti bisa langsung ngerti yen sawijining item bisa diseret lan seleh, utawa pakon apa sing kudu ditindakaké. Prakara ini marai sudaning mupangat fitur ini.